Kapten Mat Pithi terkenal tukang sobo nang lokalisasi nggene balon-balon.
Sak wijinine dina, Mat Pithi dolan nang Dolly. Mlebu nang wisma Srikandi, ngombe-ngombe.
Rodok suwe thithik dek-e metu, clilang-clineng nggoleki jip-e. Lho gak
ketok? Wah dicolong maling montor iki.
Mbarek getam-getem Mat Pithi mlebu maneh nang njerone Wisma Srikandi mau, mbarek ngetokno pistule. Mbarek nembak-nembak nang ndukur Kapten Mat Pithi mau bengak-bengok.
‘Jancuk, sapa bajingan-bajingan sing wani nyolong montorku. Gak ngaku tak tembak slangkangane’
Gak ono swara cemuwit. Kapten Mat Pithi terkenal gak kenekan. Tersinggung thithik ngono ae wis ngetokno pistul. Tau kok onok sing ditembak slangkangane mbleset, malah kenek bapak-e thole. Lak kojur, se?
Ngerti nek gak onok sing nyauti, Kapten Mat Pithi tambah morang-moring
digetna ae.
‘Bir situk maneh. Tak enteni mbarek ngombe. Ojok sampek bir ndik gelasku iki entek durung onok sing ngaku, ya. Sido tak gawe koyok ndik Bangunrejo mbiyen’
Kapten Mat Pithi terus ngombe, dimat-mat-no. Kira-kira karek seprapat gelas dek-e metu nang dalan. Didelok, lha jip-e wis onok maneh ndik kono. Keweden bek-e sing nyolong.
Mbarek mlaku gagah kapten Mat Pithi mlebu maneh nang Wisma Srikandi, katene nerusno ngombene.
Bisak-bisik sing ngladeni ngombe takon ‘Yok opo critane sing ndik Bangunrejo mbiyen cak?’
‘Ya jip-ku gak mbalik. Ilang’
‘Lha kedadeyan opo sing sampeyan tindakno ngerti nek jip peno mau gak
mbalik? Koyok sing peno ancamno mau?’
‘Aku ? La-opo ?’
‘Iyo’
‘Pas jipku pancet ilang’
‘Iyo, iyo cak…’
‘Yo molih mlaku aku cak….’
E…alah…..
Mat Pithi dobol….
Tiwas wong sak wisma pucet kabeh…

Comments